Selasa, 17 April 2012

bahasa jawa 17 April 2012





Ukara ing ngisor iki gawenen dadi basa ngoko!
1. Bapak kagungan sedherek caket kaliyan Borobudur.
2. Kula sampun nate kesah ngrika.
3. Tiyangipun gagah ageng inggil.
4. Dalemipun pinggir margi ageng.
5. Panjenenganipun kapernah kakangipun nak-sanak.
6. Dalemipun alit nanging resik.
7. Bapak remen ngingah peksi.
8. Ibu badhe siram.
9. Mas Yono kagungan buku wacan kathah.
10. Kula nembe nggarap PR.

Ukara ing ngisor iki gantinen nganggo basa karma alus!
1.   Kancaku kerep ora mlebu sekolah mergo larane kerep kumat.
2.   Bapake Anjar menyang ngomahku ngeterake surat undangan rapat mengko bengi.
3.   Ibuku ora iso mangkat nyambut gawe mergo adhiku lagi lara wetenge.
4.   Dina klebu bocah sing sregep, saben dino mesti mangkat sekolah gasik.
5.   Simbah dolan menyang Solo numpak kreta, mudhun ing stasiun Balapan.
6.   Mbakyuku saiki kuliah semester wolu, sedhelo meneh lulus lan nyambut gawe.
7.   Aku duwe sedulur papat, lanang loro wedok loro, nanging ora tau padu.
8.   Yen krungu crita cindhe laras, aku kelingan lelakone Negara sing kanggoku rada aneh.
9.   Saben dina Senen mesti ana upacara, mula saben murid kudu nganggo sragam sing lengkap.
10.     Kapinteran ku iso dientukake kanthi sregep sinau.

Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa!
1. Gambar Candhi Borobudhur kae aja digawa bali.
2. Numpak bis umum mesti nyegate neng terminal..
3. Kancane padha melu piknik menyang segara.
4. Nyawang kaendahan ing lembah iki rasane tentrem neng ati..
5. Borobudhur iku sawijining candhi kang duwe corak agama Budha.
6. sinau sregep kui kunci utama kanggo ngadhepi masa depan.
7. bocah sing sregep dolan mesti bijine luwih elek katimbang bocah sing sregep sinau.
8. puskesmas iku paedahe padha karo rumah sakit, mung papane luwih cilik.
9. obat sing wingi tuku neng apotek during dicaosake simbah.
10. bapak sing lewat kui mau pernahe sedulur enome budheku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar